Jumat, 01 Oktober 2010

Tugas Basa Jawa

I. Karangan Pengalaman Pribadi

Mengeti Idul Fitri 1431 H
Kula sak keluarga mengeti Idhul Fitri 1431 H wonten ing griyanipun mbah semarang. Kula sak keluarga buka sia ingkan pungkasan nedha ing restoran. Enjangipun kula sak keluarga sholat Idhul Fitri ing masjid Balaikota Semarang. Bibar sholat, kula ziarah ing kubur mbah kakung lan sungkeman kaliyan mbah putrid, bapak, ibu, budhe lan pakdhe. Keluarga kula sami kempal ing griyanipun mbah. Kula sak keluarga bebarengan nedha opor ayam kaliyan kupat damelanipun mbah. Bibar nedha, kula diparingi wisit kaliyan pakdhe, budhe lan mbah. Wekdal siang kula, bapak, ibu kaliyan mbak kesah wonten ing Pati. Ing Pati kula sungkeman, ziarah kubur mbah lan silaturami keluarga mbah Pati. Bibar maghrib kula wangsul ing Semarang. Dinten Senin, kula sak keluarga wonten halal bihalal keluarga mbah Semarag ing Magelang. Kula bingah banget amargi kula saged kempal kaliyan keluarga ing ndeso. Kula wangsul saking Magelang jam 3 sonten. Ing margi macet banget. Enjingipun kula wangsul ing Kelet.


II. Ukara Krama
1. Menika = Ibu tangklet dhateng bapak, “Menika regane pinten nggih pak?”
2. Wonten = Gunung Muria menika onten ing 3 kabupaten.
3. Dhateng = Dinten jumat bapak dhateng wonten griya eyang kakung.
4. Nglenggahi = Kala wingi pakdhe nglenggahi kursi ingkang sampun rusak.
5. Kula = Dinten selasa kula kesah Semarang amargi eyang gerah.
6. Mrika = Mbak kula sekolah wonten SMA 1 Pati. Wonten mrika mendhet jurusan IPA.
7. Tiyang = Dados tiyang ingkang sae kedah ajrih dhateng Allah.
8. Kaleh = Bapak lan Ibu kula kagungan putra kaleh.
9. Kepareng = Kula mboten kepareng medal dalu-dalu kaliyan ibu.
10. Kang = SMP 3 Pati menika sekolah kang sampun RSBI.
11. Tresnani = Ingkang ditresnani bapak saking ibu inggih menika socanipun.
12. Mboten = Bapak mboten tindak kantor amargi wajanipun gerah.
13. Saged = Kula mboten saged sinau amargi listrikipun mati.
14. Tumindak = Dados tiyang ingkang budi pekerti luhur kedah kagungan tumindak becik.
15. Kamurkan = Kula lan panjenengan sedaya kedah ngabekti dhateng Maha Kuwaos supados panjenenganipun mboten kamurkan.
16. Sakpada-pada = Sakpada-pada tiyang Islam kita kedah sami mbiyantu.
17. Jumeneng = Menawi mucal bapak guru jumeneng wonten ngajeng kelas.
18. Romo = Nalika Idul Fitri kula sungkem dateng romo.
19. Sinten = Kula tangklet dhateng ibu, “Sinten ingkang ngaturi dhahar eyang bu?”
20. Pripun = “Pripun caranipun menawi badhe kesah Jakarta?” kula tangklet dhateng bapak.
21. Mripat = Bapak dawuh marang kula, “Mripatmu tambani sing lara.”
22. Dereng = Bapak dereng tindak kantor amargi tasih sakit.
23. Minggah = Tahun ngajeng eyang badhe minggah haji.
24. Kakang = Kakang kula ingkang mbarep badhe tindak Singapura.
25. Suku = Sukunipun eyang dipun operasi amargi bibar dawah.
26. Sampun = Ibu sampun rawuh saking tindak peken.
27. Pareng = Menawi ngunjuk obat mboten bareng ngangge susu.
28. Mulya = Supados dados tiyang mulya kedah sregep.
29. Tindak = Bapak lan ibu badhe tindak wonten Semarang.
30. Tatanan = Menawi dados tiyang estri ingkang sae, kedah kagungan tatanan ingkang endah.